Aku mlaku mengalor mlaku nurut pinggir
bronjong anyar. Senter kepala tak cekel nggo tangan, nggo nyenteri lakuku
sepanjang bronjong.
Bronjong cen terkenal akeh ulane, dadi
kudu di senteri ndak midak ulo. Sanajan wes nggo sepatu boot, nanging tetep
kudu ngati ati.
Senter tak cekel nang tangan mergo ndak
nyenteri banyu nak tak pasang nang sirah. Sanajan tetep fokus nang dalan, nak
yo tetep nganggo ninguk nang banyu nggoleki spot potensial to luuurrr.
Kiro kiro kur seket meter seko spot mau
aku weruh tunggak kayu, kayane temancep nang bronjong mergo ke gowo banjir.
“wah manteb iki, nak opo ono mangar delik
nang kayu kui” batinku
Umpan tak pasang banjur tak uncalke pas
nang andeng tunggak kayu.
Ora lest sue, ono wong teko. Sajake meh
jejeri leh ku mancing.
Basan ketok wujut e, jebul e imron nyusul
leh ku mancing.
“duh koe kok malah ninggal aku cuk” jare
imron
“lha anggitku ku kwe meh nungguni spot mw
kae, wkwk” jawabku
“hayo emoh nak dewe. “ jare imron
“ha nopo? Tukang mancing kok jirih. Pye le
arep oleh babon mangar nak ngono kui” jareku
“hayo nak aku dewe sopo sek rep ngewangi
nak aku sutrek babon cuk, weruh dewe to. Telung nyari e berotane koyo kae mau,
bayangno ae nak mangar 2 kilo yuk koyo ngopo? Hihi” imron ngeles sinambi masang
umpan”
“2 kilo karo gombal sak karung yo? haha”
jawabku ngakak
“husss menengo wae, iki umpan andalan iki”
jare imron sinambi duduhke wader cakul 2 nyari.
“iki lehku mancing 2 dino kepungkur nang
kali nggir sawah pojok deso, dadi iseh amis banget. Siap siap ngewangi ngjar
babon.” Jare imron penuh percaya diri.
Biasa to lurr, nak wong mancing boncosan
kyo aku ro imron ki. Searching google goleki teori mancing.
Yuk nak pas mancing ngeneki di bahas, ben
tambah pede karo ngarep iwak gedhe.
Mancing ki cen bejo bejonan lur, tapi yo
tetep nganggo rumus lan teori. Hasil e pikir keri. Wkwk
Sejam punjul raono sentuhan luurr, umpan
di tileki bola bali yo tetep wutuh raono senggolan. Blassss
“nyerah?” aku jawil imron, jajal tak goda,
iseh kuat ra nunggoni babon mangar.
“oooo tentu tidak, wong mancing ki kudu
sabar” jare imron
“btw panjul mau nandi?” takonku ro imron
“lha mbuh nandi, ora nyusul koe po? “
jawab imron, jebule yo rareti gone panjul mancing
Donge awak dewe wong telu ki podo podo le
jirih luurrr. Neng mbuh kenang opo, nak pas mancing ki iso rodo kendel
sitik,hihi
“yo wes, engko nak sutrek po weruh demit
nak bengok bengok.... “ jareku
“hus... sah ngomong demit, fokus nang
mangar wae. yuk jam makan e mangar jam
piro iki” takon imron
“ha kok takon aku, jajal mangare di wa.
Hehe” jawabku
“duh...” jare imron
“ nak jare jare le do kesamber wingi banyu
angkatan medun, nyoba dienteni wae”
Ora let sue ono suoro banyu “
grobyak.....” suara ne seko arah tempuran lurrr, lumayan sero.
“babon mangar nyamber banyar kae” jare.
Tanpa di komand imron gulung senar e,
sajake meh marani suoro kui mau.
Semono ugo aku, pancingku tak gulung yuk
tak pasani umpan anyar,
“gek ayo, ndang cepet selak pindah nggon
mangare” Jare imron
“siap”
Aku ro Imron banjur mlaku rodo banter arah
tempuran. Pokok e ra mikir ulo ra mikir demit wektu kui. Sak cepet cepet e
pengen gek tekan tempuran. Selak mangare bubar ...
Kiro kiro 20 an meter seko tempuran imron
mandek...
“kang...kang....kang.... opo kae kang”
jare imron jare nunjuk tempuran.,,,,
aku banjur fokus karo sek di tunjuk imron,
ananging ra wani ngurepke senter.
Ketok ono bayangan ireng, koyo wong lagi
ndodok nang pinggir tempuran... ketok samar samar, amargo wektu kui kur
ngandalke sinar e bulan. Ra wani nyenteri.
Teko teko bayangan kui ngadek yuk gedhek
gedhek.. ketok rambut e dowo mabur mabur kae mergo sirahe gedhek gedhek...
Ha sempotan to luurrrr.... tanpa ba bi bu
aku balik kanan.... sinambi bengook “DEMMIIITTTTT”
Ngewel tenan lur rasane, dengkulku nggo
mlayu rasane lemes linu linu kae, jian lagi pisan iki weruh demit ketok nyoto..
Imron melu mlayu, malah luweh banter
nyalip aku...
Aq ninguk mburi, jebule demit e yo
ngoyak.. duh opo iki sek jenenge genderuwo.. jian rep moco donga e klora kleru
wae lurrr.,,,
Aku ro imron mlayu nuju dalan sek ono
lampune. Tekan ngisor lampu aku ro imron banjur mandek
“duh , opo kae mau” jare imron
“mbuh sek penting leren sek, alate jumuk
sesok wae, ayo muleh”
“panjul nandi?” takon imron
Teko teko ono suoro “asem, kowe kok do
malah ninggal aku cuk”
Kadi petengan, wewujudan ireng mau ketok..
Lha jebule wujud ireng mau panjul. Rambut e
panjul cen gondrong lurrr.
Panjul ketok menggeh menggeh, klambine klebus
ro kebak lendut.
“Asem, ono demit malah do ninggal, ra
setia kawan” jare panjul
“ha tak kiro kwe ki demit e, wwkwk” aku ro
imron ngakak ngasi wetengku loro lurrr
“ha kwe ki kenang opo?” imron takon
“aku kepleset nang tempuran, glundung cemebur
aku, sem tenan kok. Kwe do mlayu mau ki mergo weruh ?
“hoo njul,wwkwk”
“wes yuk, beresi alat e. Gek muleh”
Aku, ro imron langsung gerak cepat balik
beresi alat. Mesak ke panjul selak kademen....
0 Response to "Cerita Horor- Demit Gondrong Tempuran Kali 3 (tamat)"
Post a Comment