episode 2 luuurrr
iwak mangar |
Rangkaian tak siap ke lur. Senar utama ne
aku nggo PE. ben iso nggo castingan.
Jareng PE kui yo luweh roso, tapi aku yo
wedi kebeler. Makane kui nak mancing nggo PE drag tak kencengi, ndak senar
mlayu ngenangi tangan.
Gandeng ngoyak babon mangar, leader e aku
nggo ukur 0.60 cap iwak mabur. Kae lho luurr senar seka raono gulungane alias
bnedhel an. Le nguculi kudu diturut nyiji nyiji ndak bundet. Hehe. Senar murah
meriah neng wes teruji rosane.
Gandeng bethik e gedhe, yuk tak poro dadi
luro. Jare mancing mangar ki apik nak nggo umpan urip, ananging aku sok ra tego
ro betik e, mesak ke. Yuk sok tak beteti sek..hihihi
Suora banyu ngrembak, banyu laut mlebu
muara ruamayan sero wektu kui. Hayo tambah yakin ati iki. Banyune ngrembak
gedhe iwak mangar sek do nang segoro mesti yuk do mlebu kali nggolek pangan.
Lagi wae arep tak uncalke umpanku,
jebulnya pancinge imron malah wes di gondol.
“sutreeeekkkk” imron engok
“ojo sero sero, gek ndang di ajar ndak
kancane bubar” jare panjul
“santai bro, babon iki.. sek sek, senteri
senteri... berot berot iki” jare imron kanthi sumringah
Langsung tak senteri lurrr.. biasane nak
sutrek ra tau tak senteri lurrr, ndak mangare bubar... mergo mangar kui iwak
nokturnal jarene, iwak sek aktif malam hari yuk peka banget ro sek jenenge
cahaya.
Gandeng aku weruh pancing imron iso
menggkeluk jengat jengat yo tak senteri, maneman nak mangare ngasi mocel.. wkwk
Yo ngono kae lurr. Sanajan nang kali neng
rodo sui le ngajar. Iwak iseh nang dasar ra gelem gek ngambang. Biasane nak
iwak wes nang duwur, power e gek cepet entek,
Nang imron terus di kompo, di pekso mungga
joran, alon alon kayane iwak e gelem munggah. Banyune dadi buthek kae luuurrr. Kayane
mergo iwak e ngosel ngosel nang dasar. Palingo lho
Ra let sue ketok bayangane ireng .
“mantab, gedhe tenan nak iki. Pye le rep
ngunggahke iki, “ jare imron.
“wes gek diajar wae alon alon, di
pinggerke kene. tak cekele engko” jareku alon
Ro imron yuk di giring minggir, luurrr....
“ASSSSS******” jare imron
Aku ro panjul spontan ngakak luurrr....
Ha piye lurrr, wes direwangi sikil e
ngewel, di ajar alon alon. Jebulnya kur mangar 3 nyari. Belum layak konsumsi. Hihihi
Sek marai abot mergo pancinge kencantol
gombal..
“wes wes, gek di rilis wae, belum layak
konsumsi. Sesuk nak wes gedhe di pancing meneh. Haha” jare panjul
“ iyo iyo” jare imron sinambi nguculi
pancing nang mangare.
Gandeng bar disenteri banyune, aku yuk
pindah rodo mengalor. Iwak e paling yo wes bubar mergo keno cahaya seko senter.
Semono ugo panjul, ketoke yo yuk pindah
nggon. Nanging mbuh nandi, mergo pas kui aku konsentrasi golek nggon sek kiro
kiro nggo manggon mangar.
Bersambung
0 Response to "Cerita Horor- Demit Gondrong Tempuran Kali 2"
Post a Comment