Cerita Horor- Demit Gondrong Tempuran Kali

Ijin berbagi cerita fiksi lurrr....
Jaman semono, lagi  seneng senenge mancing mangar luurrr...
 kail.bayu
Bendino anane kur nyeritake gondolane mangar, sek kepedotanlah, pancing tugel ugo ono sek cerito boncos terus seminggu.
 
erita mancing berhantu
Cerita Horor- Demit Gondrong Tempuran Kali
Nak ono sek hurung reti iwak mangar, tak andani. Mangar kui iwak muara, koyo bethik neng warnane abang ireng tur iso gedhe. Iso punjul seko 5kilo jarene...

Jarene lho luurrr, gandeng aku ki boncosan, paling gedhe yo kur limang nyari olehku ki. Hehe

Dino kui, aku , panjul (jeneng karangan), karo imron (nama samaran), lagi ngopi nang angkringan bahas iwak mangar.

imron cerito nak bar kepedotan iwak gedhe.

“yakin udu nak dongklak, wingi jian berot berot ra karuan , senar 0.70 tatas” jare imron.

Ha naliko kui mbuh ngapusi po ora, ra tak gubris. Sek jelas aku ro panjul jian pengen tenan.

Yuk gedhe ne sepiro ngono lho lurr nak 0,70 ki pedut.

“ayo engko bengi mangkatt, banyu kebak jam 12 to dino iki? Jam 10 menyang yo?” ajak aku

“duh pengen jane, aku ra due umpan e , tur yo ra due det nggo tuku urang, tanggal tuo je kang”
 Jare panjul.

“aku due betik 9, babon babon, engko di ketok ketok nak cukup nggo wong telu” jareku

“katttt, aku yo iseh due wader turahane wingi” imron nambahi.

“wes gek ndang, ayo bali , kumpul nang tugu jam 10 yo, ojo do telat” jare ku

“ lha awak dewe meh mancing nandi” jare panjul

“le gondol wingi nandi mron? “aku takon imron

“watunan gon tegongan kae, pokok beres engko tak duduhi, sek penting do sepatunan nggo kathok dowo, ndak midak ulo?”

Wes nang pikiranku dino kui isine kur ceritane imron, mangare jian marai ngewel luur. Reti to rasane nak dikompor kompori konco mancing.

Bali madang langsung cepak cepak lur, nyicil gawe rangkaian. Ben nak pas tekan spot langsung iso nguncalke.

Dadi ben iso milih nggon lurrr. Hehehe

Pancing tak rangkai doble, ndak tugel. Wkwk niat tenan iki meh buru babon mangar lur.

Bar kui nyiduk i betik nang kolam. Byen aku ngingu sapi lurr, saiki wes ora. Lha wadah pakan e sapi tak semen rapet nggo gawe kolam.

Rumayan keno nggo tando betik ro wader jogo mancing mangar.

 kabeh wes siap, aku banjur otw tugu kidul jembatan, nggone janjian mau.

ora lali, panjol ro imron tak wa. "aq wes nang lokasi, gek do menyang"

ngapusi titik rapopo to lurr?wkwk ndak do telat lurr, selak ra sabar pengen ngajar mangar je. hehe.

ora sue aq wes tekan tugu lurr, paling yo 5 menitan, cen kur cerak lur seko omahku.

lho rak tenan, panjul ro imron do hrg tekan wkwk. duh nak do telat ngeneki iso rasido mancing..wkwk

ra let sue imron teko.

"sorry bro nang tengah dalan aku kelingan,  waderku keri, aku yuk mbalik jumuk sek" jare imron

"preeek, alesan" jareku ro rodo guyu. " lha panjul endi?"

"hambuh, di enteni wae engko nak gek tekan"
kail.bayu
weeerrrr ciiiiiiiiitttttt...... panjul teko, sajake kesusu. numpak motor e ngasi ngos ngosan..wkwk

"sorry lurrr telat, ayo gek ndang kattttt"

tanpo ba bi bu, imron langsung gass lokasi mancing. aku ro panjul ngetotke nang burine.

lokasine ra adoh seko gon kumpul.
kail.bayu
spot e cen ketok meyakinkan kan, nggon e tempuran kali gedhe ro kali cilik. ra adoh seko tempuran, ono tegongan, ketoke totonan watune iseh anyar, entas rampung proyeke. ketoro watune iseh putih putih hurung lumuten, kawat e yo iseh apik.

"awak dewe mancing nang tegongan kae wae, ojo nang tempuran kui" jare imron,

"lha anopo je?" takonku

"wes rapopo, pokok e ojo. sek mangan wingi yo nang tegongan kae, mangare do golek pangan nang sela sela watu"

"yo wes, manut wae, sek penting strike" jare

Bersambung halaman 2

0 Response to "Cerita Horor- Demit Gondrong Tempuran Kali"

Post a Comment

Contact Us

Name

Email *

Message *